Mari jogo bengi muntiyadi mulih numpak taksi. Timbangane sepi muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol
Pas di jawil dhadak sopir taksine kuaget setengah mati. Saking kuagete sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop warung.
Untunge supire sik sempet ngincak rem gak sido nubruk. Muntiyadi ambek supire podo pucete gak iso ambegan.
Pas wis tenang muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opo'o di jawil ae kok kuaget
Jare supire 'ngene lho cak aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi lha sampean iku yo penumpangku sing pertama pisan'
Muntiyadi bingung 'lho mbiyen sampean iku kerjone opo kok isok sampek kagetan koyok ngene?'
'aku mbiyen yo nyupir pisan' jare supir taksine
'supir praoto tah?' takok muntiydi 'supir montor jenazah..'
Puantesan..
Sumber : komunikasi jenaka ku
| |
|